Ageman Adat

Minggu, Agustus 12, 2012 , 0 Comments

Pakaian adat jawa


Jenis-jenise pakaian adat jawa kakung:
  1. Blangkon
  2. Surjan
  3. Beskap
  4. Sabuk timang
  5. Stagen
  6. Jarit
  7. Keris/dhuwung/tosan
  8. Selop

Jenis-jenise pakaian adat jawa kakung:
  1. Cundhuk mentul
  2. Gelung kondhe
  3. Kebaya
  4. Kemben
  5. Stagen
  6. Jarit
  7. Selop/sandhal jinjit

Carane nganggo:
Sendhor utawa wiron dideleh sisih tengen lan dipaske tengah, menawa ana lurike miring saka tengen ndhuwur menyang kiwa ngisor.banjur jarit diubengke mengiwa liwat mburi lan tepung gelang ing ngarep pas wiron. Dipeniteni supaya ora longgar banjur diukeli stagen padha ubenge jarit,stagen uga disingseti kanthi peniti. Banjur dicencang kanthi kamus timang  supaya kenceng ora mlotrok.
Banjur nganggo klambi beskap utawa surjan kanthi benik miring ing pinggir supaya ora nglembreh mengisor lan rapi/alus, keris dislempitake ana njero stagen kanthi warangka madhep mendhuwur, ukel gagang ing ndhuwur
Dikompliti kanthi selop lan blangkon.

0 komentar: